Cupu Manik Astagina - Ngundhuh Wohing Pakarti



Kacariyos rikala semanten ing pertapan Gunung Tunon, wonten satunggaling Brahmana ingkang gentur tapanipun, peparab Resi Gutama. Awit saking genturing tapa, déning jawata kaparingan kanugrahan garwa widadari ingkang kekasih Bathari Windrati.Anggènipun gesang bebrayan kekalihipun tansah atut runtut boten nate cecongkrahan. Kekalihipun kaparingan putra tiga, ingkang pambajeng mijil putri sesilih Dèwi Anjani, panenggakipun kakung aran Radèn Guwarsa, déné ingkang wuragil mijil kakung aran Radèn Guwarsi. Dèwi Anjani ketingal sulistya ing warni, dénéRadèn Guwarsa lan Guwarsi bagus rupinipun. Tetiganipun tansah kaweleg kawruh manéka warni supados ing tembé dados janma ingkang utami mangertos ing reh kaprajan, bekti dhateng Ingkang Akarya Jagad. 

Pinuju satunggaling dinten nalika Resi Gutama miyos ing pacrabakan, dumadakan putra kakung kekalih sami sowan munjuk atur. “Rama panembahan, kénging punapa Rama tansah emban cindhé emban siladan dhateng para putra. Panjenengan bédak-bédakaken anggèn panjenengan ngrengkuh para putra?” makaten aturipun Guwarsa lan Guwarsi.
“Anakku nggèr, généya sira sakloron darbé atur kang mangkono marang rama?” “Rama, kangmbok Anjani panjenengan paringi dolanan ingkang wujudipun gumebyar.Dolanan wau saben kula sambut mesthi boten pikantuk.” “Anakku sakloron, babar pisan rama ora duwé pambeg emban cindhé emban siladan, coba mbakyumu timbalana, pun rama kepingin nyumurupi apa wujudé dolanan iku?” makaten dhawuhipun Resi Gutama dhateng Radèn Guwarsa. 

Dèwi Anjani tumuli katimbalan, sasampunipun dumugi ing sangajenging Sang Resi lajeng kadangu. “Anjani, apa bener sira darbé dolanan kang mawa sunar gumebyar?” pandangunipun Resi Gutama. Ing sakawit Dèwi Anjani boten purun ngaken, ananging awit ajrihipun dhateng ingkang rama wusana matur walaka menawi dolanan kala wau paringanipun ingkang ibu. Dolanan kala wau dipunwastani cupu manik astagina. Datan antawis dangu cupu kala wau énggal kacaosaken dhateng ingkang rama. 

Sepinten kagyat ing galih Sang Resi dupi mirsani wujuding cupu punika, amargi ingkang kagungan punika namung Bathara Surya. Tumuli Dèwi Windrati katimbalan saha kadangu. “Windrati, blakaa marang aku, saka ngendi pinangkané cupu iku?” pandangunipun Sang Resi. Dèwi Windrati namung mèndel kéemawon, awit kawiyak wadosipun menawi barang punika paringanipun Bathara Surya.Resi Gutama ngantos mawali-wali anggènipun ndangu, ananging Dèwi Windrati tetep mèndel boten caos wangsulan.Temahan Resi Gutama duka yayah sinipi, ngantos kawiyos pangandikanipun. 

“Teka anèh temen Windrati, daktakoni bola-bali kowé ora gelem wangsulan, prasasat kaya tugu wujudmu.”Datan kanyana-nyana Dèwi Windrati ical sipating janma manungsa salin wujud dados tugu ingkang dedegipun wolung dedeg pangawe. Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi sami rerantan tangis, nyuwunaken pangapunten awit kalepatanipun ingkang ibu dhateng ingkang rama. Ananging sadaya wau tanpa guna, bebasan sabda pandhita ratu, punapa ingkang kawedhar datan saged kaambli malih. 

“Anakku kabeh wae, wus dadi kersaning kang Murbeng Dumadi, manawa ibumu kudu nglakoni kaya mangkene, besuk yen wus tibaning mangsa kala ibumu bakal bali marang mulamulane samangsane ana perang gedhe ing Ngalengka.Mula tugu iki bakal daklungakake, aja pisan-pisan tiba lamun durung tekan ing tlatah Ngalengka.”Makaten pangandikanipun Resi Gutama.Tugu dipungetak dumugi ing tlatah Ngalengka. Sasampunipun punika para putra tetiga taksih regejegan sami rebatan cupu. Resi Gutama mangertosi putra-putranipun sami regejegan lajeng ngendika. “Sejatine cupu iki dudu kowé kang wajib ndabéni, nanging manawa kepingin sira ndabéni cupu iki bakal daksawatake. Cupu ingkang sampun kaasta Resi Gutama lajeng dipunbucal kasawataken kanthi kasektenipun ngantos dumugi satengahing wana lan lumebet ing tlaga Madirda. Sang Resi ngendika menawi cupu kala wau boten dados hakipun putra-putranipun. Awit kadereng raos mélikipun putra tetiga sami mbujung cupu kala wau. Resi Gutama dhawuh dhateng rayinipun inggih punika Jembawan saha Danurwenda kinen ngawat-awati plajaripun ingkang putra. 

Sadumuginipun samadyaning wana Guwarsa lan Guwarsi mangertos cumloroting cupu dhumawah ing tlaga, mila kekalihipun lajeng sami ambyur ing tlaga kala wau. Semanten ugi Anjani awit ngraosaken sayah, sadumuginipun sacelaking tlaga lajeng masuh pasuryan saha astanipun. Jembawan saha Danurwenda ingkang sadèrèngipun sampun dipunweling supados boten nggadhahi raos mélik dhateng cupu sami kesupèn kekalihipun ugi ambyur ing tlaga. Wusana sadaya boten manggihaken cupu malah wujudipun sami dados wanara. Dèwi Anjani ingkang namung masuh pasuryan saha astanipun ingkang salin wujud dados wanara inggih namung pasuryan saha astanipun. 

Sadaya ngraosaken judheg boten manggihaken cupu malah kepara rupinipun salin wujud dados wanara.Salajengipun sadaya sowan dhateng Sang Resi Gutama. “Adhiku sakloron lan anakku katelune pisan, kaya tembungku ing ngarep, menawa cupu manik iku dudu wewenangmu.Kaluputanmu bakal oleh pangapura, ananging kanthi sarana. Guwarsa, sira tapaa ngalong lan nganggoa jeneng Subali. Aja wudhar anggonmu tapa lamun durung antuk peparing saka Dewa Kang Pinunjul. Guwarsi, sira tapaa ngidang ing alas Dhandhaka lan nganggoa jeneng Sugriwa, ya ing kana sira antuk pepadhang. Déné anakku Anjani kowé tapaa nyanthoka utawa kungkum, aja pisan-pisan mangan menawa ora olèh peparing Kang Murbèng Dumadi.”Makaten pangandikan Resi Gutama dhateng para putranipun. Putra tetiga lajeng sami bidhal ngestokaken dhawuhing Rama. Déné Danur Wénda lan Jembawan taksih kawejang déning Sang Resi bab kawruh sejatining gesang. 

 (Kapundhut saking dokumen pribadi Slemet Nugroho)     
Sumber : Wibawa X 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN - 1

CARIYOS PENGALAMAN

Mudah Mengakses data dengan Google Drive