GEGURITAN - 1
Menawi miturut Subalidinata (1994:45), geguritan inggih punika ranatamaning basa ingkang
mèmper syair (syair Jawa gagrag énggal). Jinisipun Geguritan/Titikanipun geguritan saged
kaperang dados kalih, inggih punika:
1. Geguritan gagrak lawas
Geguritan punika ngginakaken basa Jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh
tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan punika ugi
kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang nganggé Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrag lawas inggih punika:
a. Cacahipun gatra boten ajeg, nanging lumrahipun, sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami
c. Dhong-dhing utawi guru lagunipun sadaya manggèn wonten wekasanipun gatra runtut
inggih punika nganggé purwakanti guru swara.
d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan nganggé bebuka“sun gegurit” nanging
boten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun
gegurit” namung wonten inggil piyambak.
tuladha:
Sun gegurit,
Wateké wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakèh janji
2. Geguritan gagrag énggal
Geguritan gagrag énggal ngginakaken basa Jawa jaman sapunika lan dipunserat nganggé
aksara latin, lan sampun ngginakaken kertas/dluwang. Geguritan gagrag énggal boten
kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan boten nganggé tembung “sun gegurit”,
sampun boten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising
geguritan gagrag énggal punika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.
Tuladha:
Aja Dumeh
dening: Eko Wahyu Nugroho
Aja dumeh jaman wis maju
Banjur katut ilining jaman kang lumaku
Aja dumeh jaman wis maju
Banjur tata krama melu kasingkur
Elinga para sedulur
Sangu iku prelu
Wiwit saka wedaling lathi tumekaning tindak tanduk luhur
Tansah mikul dhuwur budayamu
Dudu amung kanggo ajining awakmu
Uga kanggo ajining kuthamu
Papan lairmu
Purwakanthi ing geguritan kapérang dados tiga, inggih punika:
- Purwakanthi guru swara, tetembungan ingkang sami swantenipun (menawi aksara Jawa) utawi aksara vokalipun (menawi aksara latin). tuladhanipun:
Gemi setiti, ngati-ati
Cabar kesasar mangsa sing sugar
(Djaka Lodang no.05 tanggal 5 Juli 2014)
Prenjak sepasang pèncokan pang
(Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014)
- Purwakanthi guru sastra, tetembungan ingkang sami aksaranipun (menawi aksara Jawa) utawi aksara konsonanipun (menawi aksara latin) tuladhanipun:
sedya suka semu sengsem sekar seroja
sapa salah sèlèh
....
lungkrah lesu lèlèt lemot léndhé-léndhé lincak liyer-liyer
- Purwakanthi lumaksita/guru basa, wontenipun tetembungan ingkang dipunambali malih wonten ing pérangan salajengipun (wingking). tuladhanipun:
wujuding katresnan suci
sucining ati nglilakaké jiwa
jiwa kang wus nglembara
.......
Suwung ijèn tanpa rowang,rowange iblis bekasakan.
(Djaka Lodang no.16 tanggal 20 Septembér 2014)
Geguritan ingkang saé prayoginipun ngemot unsur-unsur, inggih punika:
1. Kaéndahan
Kaéndahaninpun geguritan kadhapuk lumantar:
a. pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes.
b. migunakaken leléwaning basa ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat
c. migunakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaéndahanipun.
2. Piwulang/Pendidikan
Geguritan kajawi ngemot kaéndahan, ugi ngemot piwulang. Kanthi geguritan, saged suka
patuladhan lan pitutur ingkang saé, sarta migunani kanggé sanguning gesang ing alam
donya.
3. Nuwuhaken raos tresna
Geguritan prayoginipun saged nuwuhaken raos tresna ingkang migunani tumrap
masyarakat, awit lumantar geguritan saged nyuntak gagasan-gagasan tumrap majengipun
nusa lan bangsa. Raos tresna ingkang tuwuh inggih punika raos tresna dhateng sasaminipun
manungsa, dhumateng Gusti Ingkang Kawasa lan dhateng lingkungan.
4. Wetah
Isining geguritan kedah wetah lan nyawiji ing antawisipun pèrangan-pèrangan unsur ing
geguritan, boten saged madeg piyambak-piyambak.
Nyerat Geguritan
Geguritan saged kawastanan puisi bebas, amargi anggènipun damel langkung mardika,
boten wonten paugeran ingkang gumathok kados déné damel sekar Macapat. Sanajan
ukaranipun kathah, sasaged-saged maknanipun kempel, manunggil lan runtut. Sadaya wau
kanthi pangangkah amrih ingkang maos saged damel dudutan/simpulan kados déné
ingkang dipunkersakaken panganggit.
1. Caranipun damel geguritan:
a. Nemtokaken undering perkawis
b. Milih irah-irahan/judul ingkang saé, saged narik kawigatosan ingkang maos
c. Milih tembung ingkang saé lan mentes
d. Antawisipun judhul lan téma wonten sambetipun.
e. Saged migunakaken purwakanthi
f. Saged migunakaken leléwaning basa/gaya bahasa
2. Amrih saged nyerat geguritan kanthi saé, saged nindakaken lampah kados ing
andhap punika:
- Nggladhi tanggap sasmita, inggih punika nggladhi “kepekaan dhiri” ingkang saged katindakaken kanthi remen nggatosaken kawontenan ing kanan keringipun, remen nandhingaken kawontenan, lan sapiturutipun.
- Nyepeng ilham, ilham ing ngriki saged dipuntegesi cahya ingkang saged nuntun angenipun ngudar gagasan. Kanthi ngeningaken cipta, remen olah rasa, titèn, opèn, tundhonipun saged panèn utawi ngundhuh ilham wau.
- Ngedalaken tembung ingkang sapisanan minangka tembung ingkang saged nuntun tembung-tembung salajengipun. Satembung kalawau saged kapanjangaken kanthi maringi pitakènan punapa, sinten, kados pundi, wonten pundi, wanci punapa, lan wonten pundi papanipun. Kanthi makaten satembung kalawau saged dados embrioembrio ingkang saged kaserat sauger tasih komprehensif, koheren lan kohesif.
- Ngolah tembung, saged katindakaken kanthi ngroncé tembung-tembung ingkang kawedal saking ilham wau.
- Maringi vitamin ing tembung-tembung wau. Menawi tembung-tembung kalawau karaos dèrèng saé lan pas, saged kawimbuhan kagunan basa ingkang endah, saged awujud purwakanthi, wangsalan, èntar, pepindhan, paribasan, lan sapanunggilanipun
- Milihi tembung saged katindakaken kanthi menggalihaken sinten ingkang badhé maos, kados punapa ingkang dipunangen-angen, salajengipun saged nggantos tembung-tembung ingkang kirang mathis wau sadèrèngipun kabundheli utawi rampung. Kanthi makaten, kaajabsaged tuwuh geguritan ingkang prasaja nanging mentes isinipun lan narik kawigatosanipun pawongan ingkang maos
Sumber : WIBAWA X
Mantabb
BalasHapusayo nulis geguritan :)
HapusMboten kedah basa krama
BalasHapusPitutur bab tata krama budaya
Ngelingakake ngelestareke budaya ne dewe
hihihi...leres
HapusTepet ngabudayaaken budaya daerah lan sak panungalan ipun
BalasHapusgood
BalasHapussangat bermanfangat👍
BalasHapusmaterinya sangat bagus👍
BalasHapusmatur nuwun
HapusMaturnuwun bu, sangat bermanfaat 👍
BalasHapusSami-sami :)
HapusSemoga bermanfaat
BalasHapusMaturnuwun bu sangat bermanfaat
BalasHapusoke okee mantab����
BalasHapus