WIWITANIPUN RINGGIT

sumber foto: jbbudaya.jogjabelajar.org



Miturut para ahli budaya ugi panemunipun para ahli arkeologi ingkangwonten ing Negari Indonesia, kesenian ringgit punika estunipun sampun wonten wiwit rumiyin, rikala taksih jaman kina, inggih punika jaman sadèrèngipum wonten agama Hindu-Budha. Ing jaman punika ingkang dipunwastani ringgit sampun wonten ing Negari Indonesia. Dados ringgit punika inggih kabudayan asli Negari Indonesia.Wekdal punika, seni ringgit taksih wonten gegayutanipun kaliyan kapitadosan animisme ingkang taksih dipunanut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapitadosan animisme, ruh leluhur saged dipunagem kanggé sarana nyenyuwun kamulyan saha pangayoman gesanging manungsa. Kosok wangsulipun ruh kalawau ugi saged ndadosaken cilakanipun manungsa. Pramila, rikala semanten, menawi wonten pikajengan nyenyuwun pitululungan dhumateng ruh para leluhur, lajeng dipunwontenaken upacara ritual kadosdéné wilujengan, ingkang ngendikanipun saged nimbali ruh para leluhur ingkang sampun sami séda. Upacara ritual kalawau dipunwontenaken kanthi cara ngawontenaken pagelaran ringgit. Kinten-kinten wiwitanpin warsa Masehi, kados ingkang dipuncariyosaken déning para ahli sujarah, bilih bangsa Hindu saking India kathah ingkang dados imigran wonten Indonesia. Sansaya dangu, purun boten purun ndadosaken éwahing kabudayan, salajengipun kabudayan saking agami Hindu-Budha saged dipuntampi déning bangsa Indonesia. Ing jaman punika, basa Sansekerta sampun dipunagem déning kalangan bangsawan ingkang salajengipun mangaribawani basa asli Jawa saha basa Bali. Wonten jaman punika seni ringgit déning bangsa Hindu dipunagem minangka sarana mekaraken saha medharaken kabudayan Hindu kanthi lantaran cariyos Mahabharata utawi Ramayana. Kahanan kados punika salajengipun ndadosaken budaya asli bangsa Indonesia nyawiji kaliyan budaya Hindu. Kesenian ringgit ingkang sampun nyawiji kala wau njalari agama Hindu cepet anggènipun sumrambah, rumesep saha dipuntampi déning masyarakat Indonesia.

Pramila ing salebitipun cariyos ringgit punika kathah pranatan kabudayan agama Hindu. Miturut kitab Centhini dipunsebataken, wiwitanipun kesenian ringgit purwa punika cinipta déning Raja Jayabaya saking Kediri. Kinten-kinten abad 10, Prabu Jayabaya nyipta gegambaranipun ruh leluhur ingkang lajeng dipunserat ing rontal. Gegambaran kados punika kalawau dipuntiru ing cariyos Ramayana, ingkang kaserat ing candi panataran Blitar. Prabu Jayabaya remen sangetdhateng isinipun Ramayana amargi Prabu Jayabaya manembah dewa Wisnu. Masyarakat ugi tasih pitados menawi Prabu Jayabaya panjalmaning utawi titisipun Bethara Wishnu.

Nalika jaman KratonJénggala, kesenian wayang purwa dipunsampurnakaken wujudipun kanthi èndah déning Raja Jénggala Radèn Panji Rawisrengga utawi Sri Suryawisesa. Kocaping cariyos ringgit kalawau lajeng dipunklempakaken saha dipunsimpen salebeting kothak ingkang èndah. Sesarengan punika ugi dipundamel pakem cariyos ringgit purwa ingkang dipunpagelaraken rikala wonten upacara ingkang wigati ing kraton saha kanthi dhalang Sri Suryawisesa. Rikala jaman Majapahit kesenian ringgit punika langkung dipunsampurnakaken saha dados sansaya èndah, sasampunipun paripurna anggènipun nyampurnakaken, ringgit lajeng dipungulung dados setunggal. Ringgit ingkang wujudipun gulungan punika (menawi dipunginakaken sajroning pagelaran kanthi cara dipunbèbèr) salajengipun dipunparinginama wayang Bèbèr. Wiwit wonten wayang bèbèr punika, kesenian wayang lajeng dipunwedhar, ngrambah medal saking lingkungan keraton. Wiwit saking punika masyarakat ing njawi keraton saged ningali kaèndahanipun pagelaran kesenian wayang bèbèr. 

Salajengipuning jaman pungkasaning Majapahit, pengaruh Agami Islam sampun wiwit sumrambah ing tlatah Jawa. Déning parawali saha sunan, kesenian ringgit punika ugi dipunagem kanggé sarana medharaken ajaran agami Islam. Kahanan kados punika njalari kesenian ringgit katah éwah-éwahanipun, mliginipun bab wujudipun, kanggé ngicali gegambaranipun manungsa ingkang wonten ing ringgit punika dipunicali, amargi wonten agami Islam punika boten dipunparengaken saha ugi kanggé ngicali gegambaran ingkang mujudaken agamaHindu. Ing jaman punika, wujudipun ringgit dipunéwahi, dipundamel saking wacucal saha balung ingkang dipunwujudaken simbol supados gegambaranipun manungsa dados samar. Pungkasanipun, ngantos jaman punika wujudipun ringgit namung arupi simbol-simbol gesangipun manungsa. 

sumber : WIBAWA (Karangkum saking seratanipun RA. Sutini BA, kanthi éwah-éwahan sawetawis)  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN - 1

CARIYOS PENGALAMAN

Mudah Mengakses data dengan Google Drive