SESORAH




SANGU LAN CAK - CAKANIPUN SESORAH
 
        Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged nuwuhaken saélan remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembé kaandharaken nalika sesorah kedah kagatosaken kanthi saèstu. Wonten ing ngriki kawastanan sekawan wa setunggal ba. Gamblangipun sekawan wa satunggal ba inggih punika: 

1. Wicara/basa 
Basa kedah dipunpilihingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara, sarta suwasana.Basa ingkang dipunpilih ingkang saged utawi gampil dipuntampi tiyang sanès. Prayogi ngginakaken tembung-tembung lan ukara ingkang prasaja. Basa ingkang boten dakik-dakik, nanging tetep nuhoni paugeran, satemah mujudaken basa ingkang laras sarta leres. Wicaranipun utawi pangucapipun kedah cetha. Umpaminipun anggènipun ngucap a, i, u, è, ê, é, o lan saged mbédakaken pangucap antawisipun ta lan tha, da lan dha. 

2. Wirasa 
Wirasa tegesipun kedah saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saèstu punapa ingkang dipunngendikakaken utawi dipunandharaken nalika sesorah. Boten ngemungaken apalan tanpa mangertosi tegesipun. Kanthi mangertosi saèstu punapa ingkang dipunandharaken badhé mahanani wedaling wicara saged lancar lan kapireng prasaja. 

3. Wirama 
Wirama tegesipun kedah saged ngatur wiramaning swanten, inggih punika lirih soranipun, alon cepetipun, andhap inggilipun utawi intonasi-nipun swanten. Nalika sesorah kedah mbudidaya sampun ngantos kados tiyang maos utawi apalan. 

4. Wiraga 
Wiraga tegesipun kedah saged nyocogaken ébahipun sarira kaliyan punapa ingkang nembé dipunwedharaken. Nalika sesorah prayoginipun manteb, teteg, mirsani dhateng sedaya tamu, asta ngapurancang, nanging tetep luwes lan boten kaku. 


5. Busana
Busana Busana tegesipun ageman ingkang dipunagem kedah jumbuh kaliyan swasana sarta acara ingkang nembé lumampah.


Wonten pamanggih sanès ingkang mratèlakaken babagan sangunipun tiyang ingkang badhé sesorah. Tumrapipun tiyang ingkang badhé sesorah prayogi manawi nindakaken ingkang kawastanan SAPTAMA, inggih punika: 
1. Magatra. 
Nggladhi dhateng bleger; wewujudan, anggènipun ngadi busana lan ngadi sarira trep, pantes lan jangkep. 

2. Malaksana 
Nggladhi cara-caranipun anggènipun tindak. Tindakipun saben sapecak sajangkah kedaha tinata runtut, luwes, mrabawa, boten ingah-ingih. 

3. Mawastha 
Nggladhi anggènipun jumeneng. Anggènipun jumeneng kedah jejeg, boten pareng dhoyong mangiwa punapa déné manengen. Antawisipun suku kanan lan kéring boten pareng keciyuten utawi kewiyaren.

4. Maraga 
Anteng, boten gumeter. Ébah éwahing pasemon lan sarira kedah jumbuh kaliyan isining sesorah. 

5. Malagawa 
Trampil lan trengginas. Boten ngleler ugi boten kesesa-sesa. 

6. Matanggap 
Tanggap dhateng sadaya swasana. 

7. Mawwat 
Tatag tangguh tanggon tanggung jawab praptèng ngendhon. Tanggel jawab dhateng sadaya ingkang sampun kangendikakaken.

sumber: WIBAWA X


Rantaman Sesorah

Urutaning tiyang ingkang sesorah inggih menika:
1. Salam Pambuka
2. Atur pakurmatan
3. Atur puji syukur
4. Wigatining
5. Pangajeng-ajeng
6. Wusana/Panutup

 Tata caraning (metode) sesorah saged katindakaken kanthi manéka warna, ingantawisipun:  
  1. Kanthi maos naskah, Sesorah ingkang kanthi maos naskah punika gadhah kekirangan utawi cacad, inggih punika badhé ketingal kaku, boten luwes. Awit ingkang sesorah namung tansah ningali dhateng naskah ingkang kawaos. 
  2. Kanthi cara apalan, Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang nembé sinau/ gladhèn sesorah, inggih punika kanthi nyawisaken naskah (teks) rumiyin lajeng dipunapalaken.
  3. Kanthi cara Impromptu, Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang sampun kulina sesorah lan sampun baut anggènipun sesorah. Cara punika boten nyawisaken materi ingkang badhé kaandharaken, awit wekdalipun ingkang cumpen. Kanthi kawasisanipun, kawruh lan pengalamanipun sesorah saged lumampah kanthi saé.
  4. Kanthi cara ekstemporan, Cara punika tiyang ingkang badhé sesorah damel cengkorongan materi ingkang badhé dipunandharaken, utawi damel cathetan alit. Salajengipun cengkorongan wau lajeng dipunngrembakakaken kanthi ukaranipun piyambak. Samadyaning bebrayan agengwonten kalanipun kula lan panjenengan kasuwun paring pangandikan wonten ngarsanipun tiyang kathah, saged punika wonten adicara arisan RT, pèngetan dinten kamardhikan, upacara pawiwahan. Lsp.
Tiyang sesorah, temtu gadhah ancas ingkang gumathok. Miturut ancasipun sesorah saged kagolongaken:
  1. Wursitawara,ular – ular, wasita wara, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur, lan sapiturutipun. 
  2. Sesorah lan medhar sabda, tetembungan punika kanggé mastani ingkang sipatipun umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang kathah.
  3. Atur pambagyaharja, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nampi rawuhipun para tamu. 
  4. Tanggap Wacana, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nanggapi aturing pambagyaharja. 
  5. Atur pawartos, umpaminipun sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp. 
  6. Atur panglipur, umpamanipun ing adicara sripah, atur saking pambéla sungkawa, sesorah ing ngajengipun tiyang ingkang nembé nampi musibah bebendu alam, lsp. 
  7. Pangajak, umpaminipun: sesorah ing panyuluhan-panyuluhan. Sesorah punika kanggé nuwuhaken kapitadosan pamiarsa dhumateng punapa ingkang dipunandharaken lan kanthi iklas nindakaken punapa ingkang sampun dipunmangertosi. 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

GEGURITAN - 1

CARIYOS PENGALAMAN