Landasan hukum Penguatan Pendidikan Karakter termuat dalam Peraturan Presiden Republik Indonesia
Nomor 87 Tahun 2017, dapat diunduh di bawah ini Landasan Hukum PPK
Menawi miturut Subalidinata (1994:45), geguritan inggih punika ranatamaning basa ingkang mèmper syair (syair Jawa gagrag énggal). Jinisipun Geguritan/Titikanipun geguritan saged kaperang dados kalih, inggih punika: 1. Geguritan gagrak lawas Geguritan punika ngginakaken basa Jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan punika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang nganggé Purwakanti guru-swara. Paugeranipun geguritan gagrag lawas inggih punika: a. Cacahipun gatra boten ajeg, nanging lumrahipun, sakedhikipun wonten sekawan gatra. b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami c. Dhong-dhing utawi guru lagunipun sadaya manggèn wonten wekasanipun gatra runtut inggih punika nganggé purwakanti guru swara. d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan nganggé bebuka“sun gegurit” nanging boten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. ...
Nyariosaken pengalaman pribadi utawi pengalaman tiyang sanès kanthi ngginakaken basa krama alus utawi basa ngoko lugu.Nyariosaken pengalaman pribadi utawi pengalaman tiyang sanès ngengingi kedadosan-kedadosan ing wekdal tartamtu. Cariyos pengalaman punika kalebet cariyos pengalaman warni-warni, kadosta pengalaman lucu, pengalaman nggegirisi, pengalaman sedhih saha sadaya pengalaman ingkang boten saged dipunsupèkaken.Cariyos pengalaman lucu, pengalaman medèni utawi pengalaman sedhih saged kapendhet piwulangipunkanggékacabénggala minangka pandoming tumindak lan ing tembé wingkingipun tansaha kebak pangatos-atos. Supados anggènipun cariyos pengalaman punika saé, prayogi migatosaken ing andhap punika: Cariyos bab pengalaman punika tegesipun nyariyosaken pengalaman ingkang boten saged dipunsupèkaken. Ukaranipun prasaja lan cetha Tembung-tembungipun gampil dipun mangertosi. lagunipun ingkang cetha lan sa...
Kacariyos rikala semanten ing pertapan Gunung Tunon, wonten satunggaling Brahmana ingkang gentur tapanipun, peparab Resi Gutama. Awit saking genturing tapa, déning jawata kaparingan kanugrahan garwa widadari ingkang kekasih Bathari Windrati.Anggènipun gesang bebrayan kekalihipun tansah atut runtut boten nate cecongkrahan. Kekalihipun kaparingan putra tiga, ingkang pambajeng mijil putri sesilih Dèwi Anjani, panenggakipun kakung aran Radèn Guwarsa, déné ingkang wuragil mijil kakung aran Radèn Guwarsi. Dèwi Anjani ketingal sulistya ing warni, dénéRadèn Guwarsa lan Guwarsi bagus rupinipun. Tetiganipun tansah kaweleg kawruh manéka warni supados ing tembé dados janma ingkang utami mangertos ing reh kaprajan, bekti dhateng Ingkang Akarya Jagad. Pinuju satunggaling dinten nalika Resi Gutama miyos ing pacrabakan, dumadakan putra kakung kekalih sami sowan munjuk atur. “Rama panembahan, kénging punapa Rama tansah emban cindhé emban siladan dhateng para putra. Panjenengan bédak...
mari gabung bersama kami di Aj0QQ*co
BalasHapusBONUS CASHBACK 0.3% setiap senin
BONUS REFERAL 20% seumur hidup.