Menawi miturut Subalidinata (1994:45), geguritan inggih punika ranatamaning basa ingkang mèmper syair (syair Jawa gagrag énggal). Jinisipun Geguritan/Titikanipun geguritan saged kaperang dados kalih, inggih punika: 1. Geguritan gagrak lawas Geguritan punika ngginakaken basa Jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan punika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang nganggé Purwakanti guru-swara. Paugeranipun geguritan gagrag lawas inggih punika: a. Cacahipun gatra boten ajeg, nanging lumrahipun, sakedhikipun wonten sekawan gatra. b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami c. Dhong-dhing utawi guru lagunipun sadaya manggèn wonten wekasanipun gatra runtut inggih punika nganggé purwakanti guru swara. d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan nganggé bebuka“sun gegurit” nanging boten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” namung w
Nyariosaken pengalaman pribadi utawi pengalaman tiyang sanès kanthi ngginakaken basa krama alus utawi basa ngoko lugu.Nyariosaken pengalaman pribadi utawi pengalaman tiyang sanès ngengingi kedadosan-kedadosan ing wekdal tartamtu. Cariyos pengalaman punika kalebet cariyos pengalaman warni-warni, kadosta pengalaman lucu, pengalaman nggegirisi, pengalaman sedhih saha sadaya pengalaman ingkang boten saged dipunsupèkaken.Cariyos pengalaman lucu, pengalaman medèni utawi pengalaman sedhih saged kapendhet piwulangipunkanggékacabénggala minangka pandoming tumindak lan ing tembé wingkingipun tansaha kebak pangatos-atos. Supados anggènipun cariyos pengalaman punika saé, prayogi migatosaken ing andhap punika: Cariyos bab pengalaman punika tegesipun nyariyosaken pengalaman ingkang boten saged dipunsupèkaken. Ukaranipun prasaja lan cetha Tembung-tembungipun gampil dipun mangertosi. lagunipun ingkang cetha lan saged milah-milahaken frasa-frasa (kelompok kata). Dados pangucapipun b
SANGU LAN CAK - CAKANIPUN SESORAH Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged nuwuhaken saélan remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembé kaandharaken nalika sesorah kedah kagatosaken kanthi saèstu. Wonten ing ngriki kawastanan sekawan wa setunggal ba. Gamblangipun sekawan wa satunggal ba inggih punika: 1. Wicara/basa Basa kedah dipunpilihingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara, sarta suwasana.Basa ingkang dipunpilih ingkang saged utawi gampil dipuntampi tiyang sanès. Prayogi ngginakaken tembung-tembung lan ukara ingkang prasaja. Basa ingkang boten dakik-dakik, nanging tetep nuhoni paugeran, satemah mujudaken basa ingkang laras sarta leres. Wicaranipun utawi pangucapipun kedah cetha. Umpaminipun anggènipun ngucap a, i, u, è, ê, é, o lan saged mbédakaken pangucap antawisipun ta lan tha, da lan dha. 2. Wirasa
test
BalasHapus