Postingan

ꦥꦮꦂꦠꦌꦁꦒꦭ꧀

KAWRUH BAB UKARA

A.       Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap Ukara inggih punika reronc è ning tembung sawatawis, ingkang dados wedharing gagasan manungsa, awujud katrangan, pitakèn , panyuwun, utawa bab san è sipun malih. Ukara punika kadadosan saking kalih pérangan ageng, inggih punika ingkang dipunwastani: jejer saha wasésa. Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap 1.        Ukara Tanduk Ukara tanduk inggih punika ukara ingkang jejeripun nindakaken pakaryan. Tuladha: ·        Simbah saweg dhahar ·        Ibu nyapu latar ·        Bu Lurah maringi beras marang warga 2.        Ukara Tanggap inggih punika ukara ingkang jejeripun nampi/nemahi pakaryan Tuladha: ·        Buku iki dakwaos saiki ·        Kebo disabet pecut. ·        Gedhange wis kok pangan?   B.       Ukara Lamba lan Ukara Camboran 1.        Ukara Lamba Ukara ingkang medharaken setunggal gagasan, tuladhanipun: ·        Aku tuku buku ·        Adhik tuku tas ·        Bapak tindak dhateng kantor ·        Ibu dhateng pe

Cupu Manik Astagina - Ngundhuh Wohing Pakarti

Gambar
Kacariyos rikala semanten ing pertapan Gunung Tunon, wonten satunggaling Brahmana ingkang gentur tapanipun, peparab Resi Gutama. Awit saking genturing tapa, déning jawata kaparingan kanugrahan garwa widadari ingkang kekasih Bathari Windrati.Anggènipun gesang bebrayan kekalihipun tansah atut runtut boten nate cecongkrahan. Kekalihipun kaparingan putra tiga, ingkang pambajeng mijil putri sesilih Dèwi Anjani, panenggakipun kakung aran Radèn Guwarsa, déné ingkang wuragil mijil kakung aran Radèn Guwarsi. Dèwi Anjani ketingal sulistya ing warni, dénéRadèn Guwarsa lan Guwarsi bagus rupinipun. Tetiganipun tansah kaweleg kawruh manéka warni supados ing tembé dados janma ingkang utami mangertos ing reh kaprajan, bekti dhateng Ingkang Akarya Jagad.  Pinuju satunggaling dinten nalika Resi Gutama miyos ing pacrabakan, dumadakan putra kakung kekalih sami sowan munjuk atur. “Rama panembahan, kénging punapa Rama tansah emban cindhé emban siladan dhateng para putra. Panjenengan bédak-béd

WIWITANIPUN RINGGIT

Gambar
sumber foto: jbbudaya.jogjabelajar.org Miturut para ahli budaya ugi panemunipun para ahli arkeologi ingkangwonten ing Negari Indonesia, kesenian ringgit punika estunipun sampun wonten wiwit rumiyin, rikala taksih jaman kina, inggih punika jaman sadèrèngipum wonten agama Hindu-Budha. Ing jaman punika ingkang dipunwastani ringgit sampun wonten ing Negari Indonesia. Dados ringgit punika inggih kabudayan asli Negari Indonesia.Wekdal punika, seni ringgit taksih wonten gegayutanipun kaliyan kapitadosan animisme ingkang taksih dipunanut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapitadosan animisme, ruh leluhur saged dipunagem kanggé sarana nyenyuwun kamulyan saha pangayoman gesanging manungsa. Kosok wangsulipun ruh kalawau ugi saged ndadosaken cilakanipun manungsa. Pramila, rikala semanten, menawi wonten pikajengan nyenyuwun pitululungan dhumateng ruh para leluhur, lajeng dipunwontenaken upacara ritual kadosdéné wilujengan, ingkang ngendikanipun saged nimbali ruh para leluhur ingk

ꦱꦶꦤꦲꦸꦗꦮ

Gambar
ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦗꦏꦂꦠꦲꦤꦕꦫꦏ

Mudah Mengakses data dengan Google Drive

Gambar
Masalah Sebelum saya mengenal belajar.id, saya dan beberapa guru sering mengalami drive penyimpanan yang penuh. Selain itu ketika melakukan google meet tidak dapat melihat kembali rekaman ulang. Dampak Guru-guru harus membuat email baru ketika akan membuat Google Classroom di tahun ajaran baru. Karena di akun lama sering eror yang disebabkan oleh drive yang sudah penuh. Selain itu guru tidak memiliki rekaman google meet sehingga tidak dapat dishare atau dikaji ulang. Solusi Dengan adanya belajar.id guru memiliki keleluasaan dalam menyimpan data dalam drive. Langkah-langkah bekerja dengan menggunakan akun belajar.id: kunjungi drive.google.com buatlah file yang diinginkan dengan klik tanda + di kiri atas Untuk membuat file ataupun membuat dari fitur lain dapat ditempuh dengan cara klik titik 9 di kanan atas, dan mulai memilih fitur yang diinginkan. misalnya Google Classroom, Google Calendar, Google Task atau lainnya Bukalah drive.google.com untuk mencari file-file yang telah dibuat

SESORAH

Gambar
SANGU LAN CAK - CAKANIPUN SESORAH             Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged nuwuhaken saélan remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembé kaandharaken nalika sesorah kedah kagatosaken kanthi saèstu. Wonten ing ngriki kawastanan sekawan wa setunggal ba. Gamblangipun sekawan wa satunggal ba inggih punika:  1. Wicara/basa  Basa kedah dipunpilihingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara, sarta suwasana.Basa ingkang dipunpilih ingkang saged utawi gampil dipuntampi tiyang sanès. Prayogi ngginakaken tembung-tembung lan ukara ingkang prasaja. Basa ingkang boten dakik-dakik, nanging tetep nuhoni paugeran, satemah mujudaken basa ingkang laras sarta leres. Wicaranipun utawi pangucapipun kedah cetha. Umpaminipun anggènipun ngucap a, i, u, è, ê, é, o lan saged mbédakaken pangucap antawisipun ta lan tha, da lan dha.  2. Wirasa